Powered By Blogger

Sabtu, 16 Maret 2013

AKU MONG BISO MEMUJI


Sumurate kidung rembulan kang tumantul ono pinggire segoro
Ngelingake lelakon atiku kang tansah nandang kedarang-darang
Nadyan jembare roso lan tresno satuhu  amung kanggo sliramu
Nanging ora ngiro sliramu malah tego ninggalke aku

Wancine suryo pancen wis kudu rumangsang ing wayah nendro
Atiku sansoyo kajuwing-juwing mikirake lungane sliramu
Tetesing eluh kang tumibo kemelun angamboro ngebaki jagad
Jebul aku rakuwowo kanggo nyirnakke tresnaku marang sliramu

Dene saiki aku amung biso memuji
Mugo Gusti Pangeran kang Murbeng Dumadi
Maringono kekiyatan lan kesabaran ono ing garis atiku
Lan liyo dino tresnamu sayekti tumungkul maneh ono ing tulusing atiku

Tidak ada komentar:

Posting Komentar