Powered By Blogger

Rabu, 13 Maret 2013

SISIK PANGGODHA


Nalika jagad sing gumelar dadi peteng ndhedhet
kahanan sangsaya runyem
nunjem tengah tengahing wengi
agawe sekabehe sipat gegayuhan tumpang suh
ana ati lan lathi kang ora sarujuk
Amung tresna lan nirmala sing bisa njumenengake raga
dadi kuwat napaki gesang tanpa sumelang
Listyaning tumindakmu lir sumilire bayu
nggugah gumregahake jangkah, kaya menjangan mlayu
Miyak ombak samodra nasib kanthi nggeret pengarep
bisa tumekaning pinggir anggonku jumangkah ing wengi
ngudhar irenge pepeteng sing nggaweng
senadyan ngambyang nyabrang rob lan panggodha
ora gingsir rasaning ati ngukir asmamu yayi
Dhuh, cah ayu
cahyaning bumi kang sumurup ing atma
amung sliramu jiwatman suci ingsun jumeneng pribadi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar