Powered By Blogger

Selasa, 12 Maret 2013

Sawetoro wektu, roso iki tan keno sinonggo, rosoning ati kang saesti pingin nyawiji , lamun cuwo ing antaraning niat kang westhi wae lumintir. D! sesawaning ati, ayo podho ngudi lurusing jati, sesanti marang gusti, mugo kuwat ing janji, iyo prasetyaning jati sawiji.

Lir ing bebates

Sih kang tak roso iki
Iyo bebates ing wektu lan laku
Ewodene rasane mengkene
Mbebedho ati kang tan kuwowo
Sesangganing wuyung tan keno kiniro
Hamung sesawangan tan keno sesandingan
Tan kuat ing roso sesaput ing ati kang cuwo.
Duh sesawaning ati,
Dene urip bebates ing sakabehing pager
Tan keno oncat soko sawijine
Duh sesawaning ati,
Ati iki ora kuwowo, anyonggo roso
Kang mesthi wae alelewo, amedhot roso
Roso kang saesthi nyawiji ing aluning sepi
Mugo ing panyuwun
Sumedyo ing satunggiling wektu
Sakjroning pangantu antu
Nyawiji ing roso, lir ing bebates
Sliramu dene aku………ing prasetyo jati.
## nyawijing roso bebates ing ratri kang lumengser, ing taman mburi tlatah kulon.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar